Minggu, 16 Februari 2014

MOP MALANGAN ..

Cerita Lucu Basa Jawa: Ujian SNMPTN Gampang Banget!

Juni 10, 2012
WIWI: Soal ujian SNMPTN gampang banget Bu! Aku mesti lolos iki!
IBU: Hooh po? Awakmu iso nggarap tenan po?
WIWI: Sipilitik Bu! Malah aku kur butuh wektu limolas menit wis rampung kabeh!
IBU: Wah ampuh tenan kowe!. Ibu melu bungah iki!
WIWI: Ning aku gumun karo peserta liyane Bu?
IBU: Lha ngapa tho? Do suwi-suwi le nggarap soal yah?

WIWI: Ora Bu!. Ning pesertane isih dho cilik-cilik ki!
IBU: Wiii wiii rak wis tak wanti-wanti takon ndisik karo sing jaga ujian! Kowe mesti salah mlebu SD cedak lokasi ujianmu kuwi…

Cerita Lucu Basa Jawa: Endog Bebek vs Endog Pitik

April 20, 2012
BEBEK: Tik, endogmu dituku piro karo bakule endog?
PITIK:  Siji regane sewu, nek endogmu piro tho?
BEBEK: Sewu limangatus
PITIK: Loh kok iso luwih larang, merga luwih gedhe pa?
BEBEK:  Ora merga ukurane kok.
PITIK: Merga rasane luwih enak pa?
BEBEK: Kethoke ya ora, wong ana sing luwih seneng mangan endog pitik kok
PITIK: Sebape apa yah?
BEBEK: Menurut aku sebape endogmu ora dicat ndisik ning wetengmu dadi rupane putih coklat. Beda karo endogku sing ndadak dicat biru ndisik ning jero weteng, dadi ya regane luwih larang

Cerita Lucu Jawa: Ujian Nasional

April 14, 2012
IBU: Andi sesuk ujian kok malah nonton TV?
ANDI:  Lah Ibu kok ya melu nonton TV
IBU: Aku rak ora ujian!
ANDI:  Nek Ibu pasa kok aku ora etuk mangan neng ngarepe Ibu? Bedane apa?
IBU: Wah cah iki ngeyel tenan! Ya uwis TV-ne tak pateni wae
ANDI:  Nah ini baru namanya Ibu Teladan. Mbok sisan ngewangi aku goleki jawaban soal-soal latihan Bu. Bukune akeh banget je.
IBU: Ya wis kene-kene tak ewangi! Wah aku rasido nonton sinetron, malah dadi sinau matematika iki….

 http://baksobangjo.wordpress.com/tag/cerita-lucu/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar